09/04/2016

RINGKASAN MATERI BAHASA JAWA (rangkuman materi bahasa jawa kelas XI)

A.      SERATAN ARTIKEL
Artikel yaiku karangan nyata sing jangkep kanthi dawa tartamtu sing digawé kanggo disebaraké lumantar koran, majalah, buletin, lsp.
       Narasi (Cariyos)
Nyariosaken satunggaling kawontenan, barang, lan sanes-sanesipun. Tuladha : dongeng, fable, mite, legenda, epos,  sage, wiracarita.
       Dheskripsi (Gegambaran)
Seratan ingkang wosipun nggambaraken kawontenan barang, swasana, kedadosan lan sanes-sanesipun satemah ingkang maos kados mriksani piyambak kadosdene ingkang dipun gambaraken. Tuladha : seratan bab papan wisata
       Eksposisi (Paparan)
Seratan ingkang wosipun ngandharaken utawi maparaken satunggaling maksud, ancas utawi samubarang sanesipun. Tuladha : Caranipun Ndamel Tempe
       Argumentasi (Penggalihan)
Seratan ingkang wosipun ngandharaken gagasan-gagasan ingkang dipun kantheni katrangan-katrangan dhedhasar pawadan-pawadan kangge nyaruwe, nampik menapa dene ngiyataken penggalihan utawi satunggaling gagasan. Tuladha : Pengaruh Formalin ing Bakso
       Persuasif (Ajakan)
Seratan ingkang wosipun ngajak-ajak dhateng tiyang sanes supados tuwuh keyakinaipun, satemah sarujuk saha nyengkuyung gagasanipun ingkang nyerat. Tuladha: Iklan, Pengaosan agama, lsp.

B.      SERAT
       Dasanama surat = layang, nawala, serat, sedhahan.
       Serat inggih punika basa ingkang dipunaturaken nganggé seratan utawi salah satunggaling  piranti komunikasi ingkang awujud seratan
       Jinis-Jinisipun Serat Jawa
1.       Serat Ulem
Ø  Serat ulem inggih menika serat ingkang isinipun atur dhumateng tiyang sanès,   amargi badhé kagungan hajat/kersa. Ingkang dipunkintuni uleman supados rawuh wonten ing wekdal saha papan ingkang sampun katemtokaken.
Ø  Tuladha serat ulem inggih menika: tanggap warsa (ulang tahun), tasyakuran, supitan, serat ulem mantu, lsp.
2.       Serat Kitir
Ø  Serat kitir inggih menika serat ingkang isinipun cekak aos, menapa perlunipun kémawon. 
Ø  Tuladha: telegram, memo
3.       Serat Lelayu
Ø  Serat lelayu inggih menika serat ingkang isinipun kabar sedanipun tiyang.
4.       Serat Iber-Iber
Ø Serat iber-iber inggih menika serat ingkang isinipun kabar pribadi, bab ingkang dipunandharaken saged menapa kémawon.


       Peranganipun Serat
1.       Satata basa : (serat katujokaken) alamat serat ing nginggil kiwa utawi tengen
2.       Adangiyah : tembung pamuji rahayu. Tuladha : Ø Rinengga sagunging pakurmatan Ø Tansah winantu suka basuki. Ø Katentreman lan karahayon Ø Winantu ing bagya mulya. Ø Sembah sungkem.
3.       Purwaka : nelakaken pawarta keslamatanipun ingkang ngintun serat saha pangajengajeng supados ingkang dipunkintun serat ugi slamet 4. Surasa basa : wosipun serat, kekajenganipun serat
5.       Wasana basa : pungkasaning serat. Tuladha:
“Cukup seméné dhisik liya wektu disambung maneh.”
6.       Titi mangsa : nelakaken wekdal panyeratipun serat  Tuladha : Yogyakarta, 5 Februari 2015
7.       Peprenahan, asalipun serat saking sinten, tuladha: 
Ø  Saking ingkang putra
Ø  Bapakmu ing omah
Ø  Adhimu saka paran, lsp
8.       Tapak Asma / Tandha Asma, Tanda tangan ingkang damel serat.
9.       Asma Terang, asma terang ingkang damel serat
       Tuladha Serat Ulem
       Assalamualaikum Wr. Wb
Nambut Silaning Akrami
                Ratih Larasati
( Putri Bpk. Budi Prasetya/ Ibu Estining Pawestri, Ngayogyakarta )
                kaliyan
Krisna Atmaja ( Putra Bpk. Ikhsan Rohandi / Ibu Rusdiyati )
                Ijab Kobul:
Dinten : Rabu , Suryo Kaping : 6 Juni 2015, Wanci Tabuh : 15.30 WIB, Mapan ing
                Griya Tamanan Bantul
Winantu Sagunging Pakurmatan,
                Kanthi Lumaraping Nawala Sedhahan, Minangka Sesulih Pisowan Kula Wonten ing Ngarsa Panjenengan, Sinartan Nyadhong Berkahing Gusti Ingkang Maha Tunggal, Kula Sabrayat Hanggadhahi
                Pangangkah Badhe Ngawontenaken Syukuran Tuwin Pawiwahan Dhauping Sri Penganten Anak Kula, Dinten : Minggu
                Surya Kaping : 6 Juni 2015
Wanci Tabuh : 19.00 – 21.00 WIB,
                Mapan ing  Gedung Wana Bhakti Yasa, Ngayogyakarta
Setuhu Badhe Damel Bombong Saha Mongkoging Manah Kula Sabrayat,
 Bilih Dhangan ing Penggalih Saha Sepen ing Sambekala Bapak / Ibu Kepareng Rawuh Hangestreni Saha Paring Puja Pangastuti Dhumateng Anak Kula Sri Penganten, Supados Dados Kaluwarga Ingkang Bagya Mulya
                Wasana Kula Sagotrah Hangaturaken Agunging Panuwun Saha Nyuwun Lubering Pangaksami Sadaya Kekirangan Dalah Kalepatan Kula.

Ngayogyakarta, 15 Mei 2015
Atur Taklim Kula
Brayat Ageng Kulawarga Bp. Budi Prasetya






       Tuladha Serat Lelayu

Innalillahi wa inna ilaihi roji’un

Sampun tinimbalan sowan ing pangayunaning Pangeran kanthi tentrem ing RSUP Dr. Sardjito nalika dinten Ahad kliwon, 24 Desember 2006 (3 Besar alip 1939)
pukul 11.50 siyang, Bapak/eyang sutresna:

KI MANGKUSASMITA
(Yuswa 80 taun)

Layon badhe kasarekaken ing makam Sitisuci, bidhal saking griya sungkawa
Jeruksari Gang Megatruh 50, dinten Senen Legi 25 Desember 2006 pukul 14.00

Ngayogyakarta, 24 Desember 2006

Ingkang dhuhkita:

*Nyi Mangkusasmita (garwa)
*Brayat Mangkutana, SH. (putra)
*Brayat Mangkurati, SPd. (putra)
*Brayat Sumargana (raka)
*Brayat Parengkuan (rayi)

C.      UYON-UYON
        Uyon-uyon bisa kasebut lelagon jawa sing ditembangke sinden tanpa jejogedan.
        Gamelan : arane tetabuhan kang rericikane akeh banget  
        Piranti gamelan :  
1.       Wujud tebokan : bedhung, tambur à dipun thuthuk
         Kendhang, ketipung à dipun kebuk/keplak/tabok
2.       Wujud wilahan : gender, slenthem, gambang, demung, saron, peking à dipun thuthuk
3.       Wujud wilahan pencon : slentho, gong kemodhong, kecer à dipun thuthuk
4.       Wujud pencon : bonang, kenong, kethuk, kempyang, bandhe, kempul, suwukan, gong àdipun thutuk
5.       Wujud kawatan : Rebab à dipun gesek | siter, clempung àdipun pethik/cuwik 6. Wujud pipa : suling à dipun sebul
         Bahan gamelan :
1.                   Perunggu utawi gangsa (campuran tembaga lan timah sari)
2.                   Kuningan
3.                   Barut (wesi lan plat)
         Titi Laras :
1.                   Laras Slendro        : 1 2 3 5 6 1
2.                   Laras pelog            : 1 2 3 4 5 6 7

         Tetembungan :
1.    Saprangkat : gangsa jangkep, laras slendro lan pelog
2.       Sapangkon : naming laras slendro utawi pelog kemawon
3.       Cokekan : pagelaran karawitan ricikanipun gender, slenthem, kendhang batangan, siter, gong kemodhong
4.       Alusan : gender, gambang, rebab, siter, suling
5.       Balungan : demung, saron, peking
6.       Cakepan : syair tembang
7.       Cengkong : lak luking swara kanggo nglagoake tembang
8.       Gendhing : swara lelagoning gamelan
9.       Laras : rasa thithingane swara cendhek nganthi swara dhuwur
10.   Titi laras : angka minangka gantine laras (swara cendhek tekan swara dhuwur)
11.   Pathet : ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang
12.   Pedhotan : pamedhothing swara ing tengahing tembang ing saben larik
13.   Senggakan : unen – uen mawa lagu ing satengahing tembang kang binarung swaraning gendhing / pradangga
14.   Swarawati : waranggana, pesindhen, penyanyi putrid
15.   Wiraswara : penyanyi kakung
16.   Waranggana : wanita ingkang ngrengga karawitan kanthi tetembangan/sindhenan
17.   Irama : ukuran rindhik rikating penabuhing gamelan.
18.   Bawa : tembang kangge miwiti gendhing
19.   Buka : miwiti gendhing ingkang padatan dipun tindakaken dening ricikan rebab/gender/boning
20.   Blimbingan : wujud wilahan gender, slenthem, demung, saron lan peking ingkang tengahipun mawi linggiran (penampang trapesium)
21.   Niyaga : paraga ingkang ngayahi nabuh gangsa
22.   Paniti : paraga ingkang kajibahan mranata tata rakiting gangsa ing panggungan lan ngupakawis gangsa

D.      CERITA CERKAK
       Crita cekak iku crita gancaran kang ngandhut prastawa kang ora dawa lan ora akeh alur critane. Ing basa Indonesia, disebut cerita pendek (cerpen).Utawi sawijining karangan kang nyritakake bab-bab kang ana gegayutane karo lelakone manungsa kanthi ringkes, anggone nyritake saka wiwitan, tuwuh dredah, nganti carane ngrampungake masalahe. 
       Ciri-ciri cerkak :
o    Critane ringkes
o    Gegayutan karo lelakone manungsa
o    Alur crita dumadi saka wiwitan, dredah, ngrampungake perkara
       Unsur Instrinsik :
a.       Tema : gagasan penting sajroning crita
b.      Alur/plot : yaiku lelakone para paraga wiwit lekas nganti pungkas
c.       Penokohan : yaiku nerangake watak wantune (karakter) para paraga
d.      Latar/setting : ngrembug papan, wektu, lan swasana jroning carita
e.      Amanat : yaiku piwelinge panganggit marang kang maca crita iku

No comments:

Post a Comment

Related Post